Selasa, 06 Desember 2016

KEBAYAN ANYAR



Nganti tumekane saiki isih durung ono Pawiyatan Pasinaon kang resmi  (Sekolah Formal)  kang mligi menehi pengajaran tumrap maneko warno kaweruh kang kudu diayahi dening Prabot Deso, mulo ora nggumun yen ing sawijine deso kang nembe wae ngangkat Prabot Deso, Prabot Deso kang nembe wae ke dapuk nganti sawatoro sasi isih lingak-linguk anggone tumandang gawe krono isih grayah-grayah durung pati mangerteni opo kang kudu dicandak. Kanggone kang ora isin-isin takon waton gratul-gratul iyo isih luthung iso marekno pagaweyan kang dadi tugase, ananging kadangkolo sing ditakoni yo podo ora ngertine, lha iki sing ndadekno repot, iso-iso pagaweyan ora biso dimarekne pas wektune.
Laku gawene prabot deso anyar kuwi kadang yho nganyelake, yho ndemenake, nanging  kadang yho ngguyokne. Megelne yen tumandang gawene nguler kambang (kendo), yen ora mangerti ora gelem takon, penggawean ora enggal-enggal ditangani, akeh omonge (yen coro malangan kakehan cocot)  yen ditakokne mung semoya-semoyo wae, pungkasane njur dilimpahne menyang kancane, ning yen ono dum-duman duwit kaci ono ngarep dewe. Kosok-baline prabot deso kang nyenengake kuwi yen samubarang gawe rikat tandange, tur biso ngentasi gawe, ora kebak omong, yen dijaluki tulung enthengan, ora kemalan duwit. Lha Prabot Deso kang ora lucu nanging ngguyokne iku yen olehe tumandang gawe kebat nanging kliwat, samubarang gawe kang ditumindakake sarwo nusu-nusu tanpo dipikir kang nastiti. Ono samubarang opo wae cepet tanggap teko nggone, nanging ora tumindak ngopo-opo, mung thilaak-thileek ora ngerti opo kang kudu ditindakake. Mulo banjur ono paribasan “lakune kebat kliwat koyo Kebayan anyar”, iki lereh-lerehe crito koyo mangkene :
Kebayan jaman biyen kuwi pegaweane mung prentah, tegese mung mrentahi penduduk umpamane, prentah kerja bakti, prentah rapat lan liyo-liyane. Ono ing sawijine dino pak Bayan entuk dawuh soko Petinggine supoyo mrentahi wargane rapat penduduk, lha pak Bayan iki njabat dadi Bayan isih rong sasi, tandang gawene rikat tur yho sregep. Kolo semono durung pojo-pojo ono HP, bekakas kanggo komunikasi nganggo pethongan. Contone : yen pak lurah mbutuhake tekane carik, pethongan cukup ditabuh sepisan “Thong”, yen butuh Kamituwo: “Thong,thong”, yen Kepetengan : “Thong,thong,thong”, lha yen butuh Kebayan ditabuh ping papat. Krono pak Lurah lagi mbutuhake tekane pak Bayan, pak lurah tindak menyang panggenan pethongan kang gumandul ono ngarep omah, thuthuk dicandak banjur ditabuhne menyang pethongan : “thong,thong,thong,thong”. Suworone penthongan banter banget, amargo thuthuke penthongane pak Lurah gede bendole. Ora let suwe, magito-gito pak bayan wis teko.  Pas teko ngadep pak petinggi pak bayan langsung takon , Wonten dawuh pak Lurah ? Karo rogoh-rogoh  kesak P.Lurah mangsuli, Riko pentahno penduduk kanggo ra..., durung tutug oleh omong P.Bayan wis nyelani atur, “ngih pak Inggi kulo langsung bidal prentah” (omonge teges banget) pak Bayan brandangan rikat banget langsung budal. Pak lurahe ngaturi maneh :“ Lho kusik to pak bayan”, karo ngrogoh kesake. Durung tutug olehe wangsulan pak Bayan wis nyelani atur maneh : sampun to pak mboten sisah repot kulo sampun mangertos kok, kolo wau kulo sampung pinangge pak carik.  P.Lurahe balik nyelani atur maneh, nanging durung pojo-pojo matur pak bayan wis budal. Sak njerone ati pak lurah rumongso seneng duweni prabot desa koyo pak bayan iki kang cepet tanggap marang pagaweane, lan ngalembono yen pak bayan ini senajan isih anyar nanging cekatan ing babagan pagaweane. Kiro-kiro watoro rong jam suwene, pak bayan teko maneh karo matur p. Lurah : anggen kulo prentah sampun beres pak lurah. Pak lurahe nimpali : Yen ngono kursi sing kanggo rapat mengko tatanen mesisan. Pak Bayan njawab : lho rapat nopo pak ? P.Lurah : yho rapate wong sing riko prentahi mau  to pak bayan.., P.bayan : lho kulo prentah wau kangge kerja bakti susuk wangan pak. Pak lurah : “lha...., yho wis ora opo-opo, yen ngono sampean balik prentah penduduk kanggo rapat”, mari ngrogoh kasake p. Lurah ngelungne salembar kertas, iki daftare sing diundang. Pak Bayan mlongo karo nyekel catetane jeneng sing bakale diundang. Pak lurah : lha kowe crito yen kepethuk pak carik mau nyangopo to pak bayan ? kulo pikantuk pesenan bilih pak kuwowo mbetahaken tenogo kangge kerja bakti susuk wangan. Pak lurah : mangkanee pak bayan, mene-mene maneh yen arep mangkat ngelaksanaake prentah kuwi ditegesne kang cetho welo-welo, yen wis cetho lagek ndang mangkat. Sajroning batine Pak bayan : oalaah..., tak kiro pak lurah rogoh-rogoh kesak mau arep nyangoni, jebul arep ndudut kertas catetan undangan iki to, tuwas ae aku sungkan, mulo aku enggal-enggal mangkat pamit.
 Piwulang opo to kang biso dijupuk soko crito iki ?
Denmbahbei, Desember 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar