Rabu, 01 Februari 2017

UDAR GELUNG SEJARAH DESO KARANGKATES





[SULUK]:
warnanatama ngambar arum lir kuusuumaaaa.......ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

 [NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.
Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling desa ingkang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Ha nenggih desa Karangkates, kecamatan Sumberpucung, kabupaten Malang, adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.
Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.
Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.
Hanenggih punika desa, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling desa ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani desa hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bopo H.Tri Wahyudi ingkang dados tetunggul desa nembe mangayubagyo kaping 15 warsa, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha pahargyan desa.
Punika ari kang katiti mangsa surya 14 Pebruari 2017 minangka dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, sedoyo wargo desa kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.
Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.
Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan desa karangkates, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.
UDAR GELUNG SEJARAH DESO KARANGKATES
Karangkates kuwi mujud ake salah sawijingning desa kang dumunung ing wewengkon Kecamatan Sumberpucung, Kabupaten Malang. Desa kang manggon ana tapel wates antarane Kabupaten Malang lan Kabupaten Blitar iki asale pecahan saka Desa Sumberpucung. Dene lereh-lerehe Deso Sumberpucung dipecah kuwi koyo mangkene caritane. Duk rikolo semono deso Sumberpucung awujud kelebu deso paling gede ora koyo umume deso-deso liyane. Wewengkone ombo, cacahe wargane iyo akeh, krono soko ambane wewengkon ugo akehe cacah jiwa wargane mulo anggone menehi layanan samu barang gawe lakune rendet amargo saking akehe kang kudu dilayani. Kahanan kang koyo mangkono mau nuwuhake pamikiran poro wargo deso kepriye amrih bisane samubarang pelayanan kang dibutuhake rakyat biso cepet kaleksanan, ugo pembangunan deso biso rikat playune. Soko asile rembug wargo desa, ing pungkasan biso ditemokake dalan metune yo kuwi Deso Sumberpucung dipecah dadi loro.
Rikolo taun 1994 miwiti dianake pemecahan deso. Deso Sumberpucung klakon disigar dadi  2 (loro). Miturut angger-angger, mecah deso kuwi kudu ngliwati jangkah dadi deso kang dicepakake, banjur yen dibiji wus mumpuni, biso ditingkatake dadi Deso wutuh. Kacarito sajrone sepuluh tahun Karangkates dadi Deso kang dicepakake. Dene kang nate dadi Petinggi Deso Karangates kang dicepkake yo kuwi : . Wasito (Taun 1994-1995), P. Tukidi (Taun 1995-2000), P. Tukimun (tahun 2000-2002).
Maggon ing tahun 2002 Deso Karangkates ditetepake dadi Deso wutuh waluh (devinitif), mulo dianake pilihan Petinggi kang kawitan lan kepilih P. Tukimun. Njabat taun 2003-2013. Sabanjure P.Tukimun purna tugas, dianakake pilihan petinggi kang kapindo, lan kepilih P. H.Tri Wahyudi, njabat taun 2013-2019).
Sawise Karangkates dadi deso wutuh waluh, petinggi kang nate njabat yo kuwi:
1.    P. Tukimun (Pjs. Taun 2002-2003)
2.    P. Suparno (Plt. Rong sasi taun 2003)
3.    P.Tukimun (2003-2013)
4.    P. H.Tri Wahyudi (taun 2013-2019)
Babat alas Sidabawana (Desa Karangkates ing jaman kuno)
Adoh sadurunge anane desa, ing wewengkon Kecamatan Sumberpucung isih awujud alas gledegan rungkut ngrembuyung gung lewang-lewung kang wingit dadi panggonane dedemit, alas gawat kaliwat-liwat ora ono kemliwere jalmo manungso, keno diparibasakake jalmo moro jalmo sedo. Sak njerone alas kebak sato kewan alas arupa : Celeng, Kidang, Menjangan, Kaswari, Macan, Truwelu, Warak, Banteng, Kebo alasan, Sapi alasan, Asu ajak, Nyambik, Kucing alas, Kethek, sawernane bongso iber-iberan lan sapanunggalane. Alas kuwi kang aran Sidabawana. Kejobo soko kuwi satengahe Kali Aksa ugo ono sawijing kedung kang dadi papan ngombene Banteng, mulo dijenengake “Kedung Bantheng”. Manggon ing satengahe Kedung mau ono Watu Tumpuk kang sanajan katrajang banjir gede ora nate owah gingsir soko panggonane.
Kahanan alas kang koyo mangkono mau ndadekake manungso anggene sobo lan lelungan podo liwat ing sapinggire kali. Mulo rikolo semono sapinggire kali Akso (Brantas) lan Kali Lawor (Lahor) dadi dalane wong lelungan, lan akeh omah kang manggon ono sakiwo tengene kali. Mulo ora nggumun yen nganti tumekane saiki isih akeh ditemokake Lumpang Watu ing pinggire kali Lawor lan kali Akso.
Ing wewengkon supit urang antarane kali Akso lan Kali Lawor ditemokake Reco Ganesha. Miturut panaliten para ahli, reco Ganesha kuwi asale saka Projo Singhasari jaman rajane Kertanegara (1272-1292 M). Anane reco kuwi nuwuhake kampung anyar. Mulo ing sakiwo-tengene Reca Ganesha iso kasebut wiwit anane kampung ing alas Sidabawana sisih kulon.
nDawung ( Ki Wonoudho).
Anane reco Ganesha kuwi mestinya yho ono pawongan kang legolilo ngrumati lan ngawat awati. Ono sawijine pawongan kang aran Wonoudho kang kanthi tekun njengkut ngrumati lan ngawat-awati Reco Ganesa. Dene ki Wonodho anggene ngrumati oleh titah turun temurun soko mbah-mbahe kang ora diweruhi maneh jeneng-jenenge amargo yen diurut wiwit anane Reco Ganesa tumekane saiki kurang luwih wis ngancik 17 turunan, dene ki Wonoudho iku klebu turunan kaping 11 (sewelas). Mbah Wonoudho di makam ake ono ing ngisor wit Kedawung. Mulo sakiwo tengene makam mbah Wonoudho kasebut nDawung.
Wewengkon tetanen Lembupeteng.
Ono ing taun 1334 ono sawijine pawongan kang aran Lembu Peteng, krono soko andil anggene melu belo pati marang praja Majapahit brasto Praja andapan Sadeng kang mbalelo, Lembupeteng oleh kanugrahan arupa pangkat Tumenggung. Lembu peteng kuwi putrane Arya Wiraraja soko Sungenep Maduro. Jeneng asline “Peteng”, soko kaprawirane anggon dadi perjurit Majapahit mulo oleh gelar tambahan jeneng “Lembu”, mulo jenenge dadi “Lembupeteng” dene mitra juange kang aran “Mada” antuk gelar “Gajah” mulo jenenge dadi “Gajahmada”, ugo pamane kan aran “Baya” oleh gelar “Jaran” mulo jenenge dadi “ Jaran Baya” ono maneh mitrane kang aran “Nunge” antuk gelar “Gagak”, mulo jenenge dadi “Gagak Nunge”.  Krono Arya Wiraraja kuwi ugo pejabat Majapahit duweni wewengkon ing brang wetan (Malang,Lumajang,Pasuruan), mulo lembupeteng ugo kasebut pangeran soko Majapahit jejuluk Pangeran Lembu Peteng.
Dene ciri-ciri omahe pejabat Majapahit jumbuh karo kahanan kang ono wewengkon Lembupeteng Desa Karangkates. Mulo wewengkon kuwi ora ono liyo kejobo petilasane Tumenggung Lembupeteng.
Ing sapinggire kali Biru oleh sa lore wewengkon Lembupeteng iyo akeh ditemokne Lumpang Watu, kahanan iki mratelak ake yen ing kene iyo petilasane kampung lembu peteng.    

Kampung Lolaras
Saliyane kampung Lembupeteng ing sisih kidul kulon cedak Katemenggungan Lembupeteng ugo ono kampung kang klebu kawitan rame, yo kuwi “Lolaras” arane. Dene jeneng Lolaras kapundut soko anane wit elo kang nglaras godonge ing alas kono. Dadi duk jaman kuno makuno biyen ing wewengkon Karangkates ana telung kampung, yo kuwi : kampung pinggir Kali Lawor sakiwo tengene Reco Ganesha, ugo kampung sapinggire Kali Biru Katemenggungan Lembupeteng, lan Kampung Lolaras.
Tumenggung Surontani  
Manggon ing taun 1613 M Sultan Agung dadi Rojo ing Mataram. Projo Mataram nitahake Tumenggung Surontani merangi Panji Pulangjiwo kang nguasani Brang Wetan. Kurang luwih rong taun suwene Tumenggung Surontani biso nyekel kendaline kaprabon sakupenge Malang kalebu wewengkon Sumberpucung. Tumenggung surontani kuwi asale soko Ngrowo utowo Tulungagung, mulo iyo akeh pawongan soko Tulungagung ngetutake lakune Tumenggung Surontani manggon ing Sumberpucung. Mapan ing taun 1614 M kadadeyan perang antarane Tumenggung Surotani mungsuh R. Panji Pulangjiwo. Sajrone perang mau Tumenggung Surontani klakon diperjoyo dening R. Panji Pulangjiwo. Soko sedane Tumenggung Surontani, sabanjure senopati perang diganti dening Tumenggung Alap-alap Adipati Caruban.
Kampung santren
Tumenggung Alap-alap kagungan garwo kang aran Nyai Santri. Sajrone peperangan Nyai Santri ugo nderekake garwane. Dene nyai Santri manggone rodo adoh ono sakidule kampung Purworejo. Nganti seprene kampung kuwi kasebut “Santren”. Pungkasane perang antarane Mataram kang dipandegani Tumenggung Alap alap, mungsuh Brang Wetan kang dipandegani R.Panji Pulangjiwo biso dimenangake Mataram, R.Panji Pulangjiwo keno diperjoyo. Sabanjure kuwi setitik mboko setitik miwiti tumekane pawongan soko Tulungagung ing alas sidobawono mbabat alas ngedekake kampung anyar.
Kampung Singkek’an / Sumberayu
Rikolo taun 1888 M pemerintah Walondo mbangun dalan sepur jurusan Malang Blitar. Sajroning mbangun akeh pawongan monco kang podo neko ing papan kono saperlu melu dadi pegawe bangunan. Kalebu ugo akeh bangso cino kang podo melu makaryo bangunan kuwi. Waktu olehe mbangun rel Sepor tekan antarane tasiun Pucung lan Tasiun Karangkates. Pegawe Cino kuwi nginepe manggon ono kampung Sumberayu. Mulo ing papan panggonan nginepe cino kuwi kasebut kampung Pecinan ugo ono kang nyebut kampung Singkek’an.
Sak cedake kampung singkek’an ono kang adeg germo, dene papan aduse anak-anakane germo mau manggon ing Sumber kang cedak karo germo kuwi, mulo sumber kuwi kasebut “Sumberayu”.  
Ananging miturut cerita liyane kang biso dipercoyo, adoh sadurung ana kampung Singkek’an, Sumber kuwi wis kasebut Sumberayu, dene critane koyo mangkene : “Lembupeteng kuwi kagungan garwo kang aran “Roro Kembangsore” kang ayu rupane. Dene Roro Kembangsore kuwi putro putrine Adipati Betak soko Tulungagung. Sumber kang dadi papan padusane Roro Kembangsore sabanjure mung mligi dadi papan padusane poro wanito, mulo sumber kuwi kasebut Sumberayu.”.
Kampung Karangkates, Bandung lan Purworejo
Rikolo abad 18 yo kuwi pecahe perang Diponegoro lan sak bubare perang, akeh wargo soko Mataram utamane para wargo soko Tulungagung kang sumingkir soko desane koyo dene bedol deso, krono desane wis ora nyaman, asring Banjir lan paceklik ugo tansah diuber-uber dening bongso Walondo arep di kunjoro krono akeh kang dadi perjurite Diponegoro. Paran sumingkire poro wargo Mataram lan Tulungagung menyang arah Brang Wetan, yo kuwi sisih kidul lan wetane Gunung Kawi, utamane Sumberpucung, Kromengan, Ngajum, Wonosari, Kepanjen, Gondanglegi , Donomulyo lan liyo liyane. Sabanjure, ono ing taun 1901 Pemerintah Walondo mbangun Kali  Molek. Anane kali Molek iki nuwuhake makmure poro among Tani, mulo iyo soyo akeh wargo poncokan kang podo teko menyang saindenge Karangkates. Wondene wargo Tulungagung kang manggon ing tlatah Karangkates yo kuwi soko Deso Karangrejo, Deso Kates, Deso Bandung lan Deso Purworejo. Wong soko Deso Karangrejo lan Deso Kates manggon ing sak kulone Lolaras, saiki dadi dusun Karangkates. Dene wong soko Deso Bandung manggon ing sak wetane Lolaras, saiki dadi Dusun Bandung. Krono wong soko Bandung akeh kang prigel dagang, mulo dadi Pasar mBandung kang dipandegani dene mbah Rono lan mbah Siti Rukayah. Wondene wong soko Deso Purworejo manggon ing sisih kidul sadempete Katemenggungan Lembupeteng kasebut Kampung Purworejo .
Karangkates dadi kampung kang rejo lan wisuwur.
Rikolo tahun 1967 pemerintah Indonesia bebarengan karo Pemerintah Jepang mbangun Bendungan gede saperlu kanggo nyukupi kebutuhan Listrik  ing Jowo lan Bali. Karangkates kang maune sawijine dusun kepencil, sepi lan ora kasuwur, sajeg anane bendungan gede kuwi malih dadi rame, akeh para tenogo kerjo soko monco kang podo teko ampil gawe mbangun bendungan. Lha bendungan kuwi misuwur nganggo jeneng Bendungan Karangkates, mulo soko kuwi liwat anane Bendungan iki jeneng Karngkates dadi moncer, misuwur saindenge negoro malah kasuwur nganti sak njabane negoro. Sabanjure kuwi saiki Karangkates dadi papan pariwisata kang kasuwur endah ing warno.
Kadadeyan aneh sajrone mbangun Bendungan Karangkates.    
Naliko miwiti mbangun Bendungan Karangkates ono kadadeyan nganeh anehi, yo kuwi anane Banjir Bandang kang nggowo atusan ewu kayu/witwitan alas kang kintir ing kali Brantas, lan anane Watu Tumpuk ing satengahe Kali Brantas kang diarani Kedung Banteng.
Naliko bangunan kang wiwitan arupo terowongan nembe rampung, Kali Brantas katrajang banjir bandang kang gedene ora mupakat koyo biasane. Sajrone banjir bandang kuwi atusan ewu witwitan alas podo kintir. Kintire kayu-kayu mau podo mandeg ing sangarepe terowongan kang dicepakake kanggo nutup iline kali Bantas kang wiwitan. Kayu kang atusan ewon cacahe podo mblasah ngambang ono sangarepe trowongan. Anane kayu-kayu kang semono akehe ndadekne rendete pageweyan mbangun bendungan, mulo kayu-kayu mau kudu disingkirake. Poro pegawe kang maune nyengkut ngayahi pegaweyan bendungan dialihake menyang pagaweyan ngresiki kayu kang ngambang ono sangarepe terowongan. Saking akehe kayu, poro tenogo ahli soko Jepang mratelakake yen pegaweyan ngresiki kayu kuwi mbutuhake wektu wulan-ulanan. Sawatoro dino sawise banjir bandang ono banjir susulan. Eloke kahanan, sabunjure banjir  susulan, kayu kayu kang ngambang ono ngarepe terowongan kuwi sirno, koyo disapu resik ora diweruhi nandi parane. akeh pegawe proyek kang podo nggumun. Sirnane kayu-kayu mau ndadeake pegaweyan proyek balik adi lancar maneh.
Wektu lawang terowongan kawitan ditutup, kali brantas kang ono sangisore terowongan dadi asat, mulo anane Watu Tumpuk kang ono satengahe Kedung Banteng arep disingkirake amargo ngalang alangi anane rencane bendungan. Ananging ono keanehan, bekakas abot (buldozer) kang ditinanggenahi nyisihake watu tumpuk kuwi ora kuwat mindah. Bola bali diupokoro iyo tetep ora obah ora onteg, mulo banjur diupayakake dijur nganggo bom, ning anehe bom kasebut ugo ora tumomo amargo ora biso bledos. Mulo poro pegawe proyek podo ora ono kang wani nindakake pagaweyan kuwi. Pungkasane crito, poro ahli Jepang njupuk laku panggenan Bendungan kang utomo digeser rodok nyisih sawetane Watu Tumpuk, dene kahanane Watu Tumpuk tetap ora geseh soko panggonan asale, malah didadekne monumen Mustikane Bendungan Karangkates.
Bareng bendungan wis klakon dadi yo kuwi awujud watu kang ditumpuk-tumpuk kanti rapi, wong wong podo wungu yen sejatine Watu Tumpuk kuwi mujudake perlambang yen ing panggonan iki bakal dadi Bendungan kang ora mupakat gedene awujud watu kang ditumpuk-tumpuk. Yen ono kang takon gek sopo to kang noto watu tumpuk kuwi ? jawabe yo mung Gusti kang murbo ing dumadi kang meruhi. Dene yen dinalar soko cerito sejarah, kiro-kiro koyo mangkene critane,
Wondene yen Watu tumpuk kuwi mujudake sawijine ramalane wong sekti, katitik soko anane rojo-rojo Jowo kang misuwur ing babagan ramalan ora liyo maneh yo kuwi Prabu Joyoboyo kang dadi rojo Kadiri ing taun 1135-1157 M. Ramalan-ramalan kang misuwur tumekane saiki antoro liyo :
1.    Tanah Jowo bakal sabukan wesi. Wujud kang klakon yo kuwi, anane rel sepur ing saindenge tanah Jowo.
2.    Tanah Jowo bakal dibroki Jago Kate suwene sak umure Jagung. Wujud kang klakon jaman penjajahan Jepang.
3.    Lan sapanunggalane
Mulo soko kuwi menowo wae anane watu tumpuk kadedayan ing jamane Prabu Joyoboyo, utamane sawise biso ngalahake Projo Jenggolo. 
Makaten Udar Gelung crito Sejarah Deso Karangkates ingkang saged kulo aturaken, bilih wonten galap gangsuling atur ugi anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.

Nuwun.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar