Minggu, 04 Desember 2016

BABAT DESO TERNYANG VERSI BOSO JOWO



BABAT DESO TERNYANG
Desa Trenyang kuwi sawijine Deso kang klebu ing wewengkong Kecamatan Sumberpucung, Kabupaten Malang, Propinsi Jawa Timur
Duk rikolo semono tlatah Ternyang lan Turus isih arupo alas gede kang ora ono plalane manungso, alas gung lewang-lewung kang dadi panggonane sato kewan alas.
Kiro-kiro ing tahun 1865 ono pawongan sakadang asal soko Tulungagung, gunggunge 6 (nenem) cacahe kang aran : Regunung, Trunowongso, Rogotrimo, Malangjoyo, Kromodikoro lan Kromoleo. Regunung kuwi bapakne Trunowongso, dene Rogotrimo, Malangjoyo, Kromodikoro lan Kromoleo poro ponak-ponakane Regunung. Kajobo soko kuwi ugo ono sawijine pawongan kang aran Wiryodikromo kang durung diweruhi asal-usule, hananging nitik soko jenenge (Wiryodikromo) isih mambu-mambu jeneng jowo kulon, mulo asal-usule pawongan kuwi kiro-kiro iyo ora adoh soko asal usule pawongan kang wis kasebut liyane, yo kuwi ugo soko Tulungagung.
Wiwitane wong-wong kuwi mau manggon (ngepose) ono ing Ngebruk, banjur podo dampyak-dampyak lumaku mangidul parane. Ora nganti suwe, lakune mandeg jalaran masang pathok wates arupo watu “Pluntho” minonggko wates antarane Deso Ngebruk karo alas kang arep dibabat. Manggone watu Pluntho kuwi saiki didegake tugu wates Deso Senggreng-Deso Ngebruk, hananging watune ora geseh soko panggonan asale (nganti saiki isih keno dideleng). 
Makaryo babat alas (mblandong) kuwi pagawean kang abot mulo mbutuhake tenogo kang gede. Wis dadi adat budoyo Jowo samubarang kang abot supoyo dadi entheng becike yo ditandangi nganggo coro gotong-royong. Mulo wong-wong mau anggene babat alas nganggo coro gotong-royong, saiyeg saeko proyo guyub rukun bareng makaryo.
Kolo semono wong soko Tulungagung misuwur prigel anggone mbukak alas (mblandong) saperlu kanggo mbukak deso anyar, dadi ngadepi alas gede koyo ngono kuwi yo wis ora ndadekake lan kagete. Wong wani mbukak alas gede (gung lewang-lewung) kang wingit durung tau diambah manungso, saking wingite keno diparibasakake ‘Jalmo moro jalmo mati’, kudu nduweni ngelmu rangkep, tegese sak liyane keprigelan ulah krido babat alas tenogo kasar, ugo kudu nduweni kaluwihan joyo-kawijayan kang linuwih, saperlu kanggo njogo awak soko gangguan bongso alusan kang sengojo ngganggu jalaran omahe rusak krono akeh wit-witan kang podo ditebangi. Mulo soko kuwi  pawongan kang lagi babat alas mau mestine yo wong dukdeng ereng-ereng ora tedas tapak palune pande sisane gurendo (sekti mondroguno).
Anggene mbabat alas diwiwiti soko patok watu pluntho, mlaku ngidul parane. Kawitan mbabat alas kang didisikake nggawe embong sing ombone kiro-kiro watoro sepuluh jangkah, terus bablas mlaku ngidul.(embong kuwi saiki dadi embong gede Deso Senggreng). Watoro limangatus jangkah soko Pathok Pluntho, poro blandong nemokake panggenan kang iyup, mulo poro blandong mau podo ngaso mangan bontot lan leyeh-leyeh karo udut rokok kobot. Sangune poro blandong anggene babat alas dudu duwit, ananging rupo bahan pangan lan liyo-liyane, klebu ugo kobot lan mbako.  Sabanjure sabendinane saben-saben mari babat alas podo ngaso mangan bontot lan leyeh-leyeh karo udut rokok kobot ono panggonan kono.(panggonan ngaso mau saiki dadi Pasar Senggreng, dene sisih wetane pasar diarani Kampung Kobotan). Karo ngaso poro blandong mau ngrancang laku piye bisane pegawean iki biso enggal cepet rampung, kamongko kang diadepi ing sisih wetan ono alas wit Kesemek ewon cacahe, dene sisih kulon ono alas wit Ringin kang akeh banget. Wondene embong kang kanggo dalan ngusung kayu alas yo wis klakon padang lirak-lirak keno dienggo liwat ngusung samubarang gawe. Kanggo nyepetake laku, mulo tindak sabanjure wong enem mau andum gawe misah dadi rong klumpuk. Regunung, Trunowongso lan Rogotrimo,nglumpuk dadi siji mbabat alas sisih wetan (sabasnjure dadi Deso Ternyang). Dene Malang Joyo, Kromodikoro, lan Kromoleo, mbabat alas sisih kulon. (kang sabanjure dadi Deso Senggreng)
SEJARAH ANANE KAMPUNG “SEMAK  SEWU”.
Anggene Regunung, Trunowongso lan Rogotrimo mbabat alas sisih wetan nemoni alas wit Kesemek ewon cacahe, wit-witan kuwi dibabat resik dienggo ladang tetanen lan omah pagrokan (kampung), krono asale soko alas Kesemek kang ewon cacahe wite, kolo  semono kampung kuwi diarani Kesemek Sewu, krono gesah-gesehe logat boso, suwene-suwe tumekane saiki kampung kuwi kasebut Semak Sewu.
SEJARAH ANANE JENENG “TERNYANG”.
Kolo semono ing sisih elor kampung Semak Sewu ono kebon maneko warno tanduran kang panggenane tumoto asri lan rapi, prasasat meh sawernane tanduran tukul ono kebon kuwi. Mulo soko kuwi kebun mau dadi panggenan klenceran. Akeh poro warga sakiwo-tengene kebon kang podo plancongan (plesir) menyang kebon kuwi. Kebon mau diarani Kebonsari. Dene wong soko Semak Sewu akeh kang podo plesir menyang Kebonsari. Nanging ora wani budal dewe, amargo ing antarane Kampung Semaksewu lan Kebonsari isih akeh beboyo arupo kewan galak utowo liyane, mulo kudu njaluk diterne, yen ora diterne yo sido ora enyang. Mulo wargo kampung liyo podo ngarani yen wong Semak Sewu kang teko menyang Kebonsari diarani wong Ternyang (Cekakan seko tembung lek gak diterne ora enyang). Tumekane saiki sebutan kuwi dadi jenenge deso. Tumekane saiki sebutan kuwi dadi jenenge Deso Tenyang. Dene kang nate dadi petinggi yo kuwi : P. Tiah diterusake dening P. Sri lan sabanjure H. Aris.
SEJARAH ANANE DUSUN “TURUS”.
Rikolo semono Dusun Turus isih arupo alas gede. Ing kono akeh wit Turus njuwet mulo di sarani alas Turus nJuwet. Salah sijine pawongan kang aran Wiryo Dikromo kasil mbabat alas kuwi lan didadekne sawijine kampung kang rame, kampung mau banjur di wenehi jeneng “Turus”, jumbuh karo asale yo kuwi alas Turus nJuwet. Krono soyo suwe soyo dadi kampung kang rame, sabanjure Turus didadeke deso kang aran Deso Turus. Dene kang wiwitan dadi petinggi aran P. Blantong, bubar kuwi titerusake dene H. Sri, P. Demun, P. Tasmo lan Tirtorejo.
NYAWIJINE DESO TURUS LAN TERNYANG
Manggon ing taun 1921 ono owah-owahan soko pemerintah Walondo, miturut pertimbangan Pemerintahan Walondo, Deso Turus lan Ternyang amrih becike kudu dilebur dadi siji. Sabanjure rong deso kuwi klakon dilebur dadi siji nganggo jeneng Deso Ternyang. Dene Deso Turus dadi pedukuhan, Ternyang dadi Krajan.  Sawise dilebur, petinggi kang wiwitan njabat yo kuwi Tirtorejo njabat dadi petinggi suwene 24 taun, dene kang dadi carike yo kuwi keponakane dewe kang aran “Nitiarjo”. Sawise waktu jabatane Tirtorejo entek, digenti karo Matdolah, dene carike pancet Nitiarjo. Hananging Matdullah dadi petinggi hamung sedelo watoro wolung sasi suwene. Sabanjure kangganti dadi petinggi aran “Wongsodarmo” dene carik Nitiarjo diganti dening “Suyono”.
Wongsodarmo njabat dadi petinggi suwene 25 (selawe) taun (1945-1970). Dene carik Suyono taun 1951 diganti dening “Muharto”. (Muharto kuwi anake Trunowongso utowo putune Regunung).
Mapan ing taun 1971 Petinggi Wongsodarmo sedo, sabanjure kuwi petinggine den jabat dening Kamituwo Sopyan suwene setaun. Bubar kuwi ono ing taun 1972 diganti dening petinggi tentara tugasan soko pemerintah (Careteker) kang aran “T. Adi Susilo”. Ono ing tanggal  2 Pebruari 1972 Carik Muhartono mundur soko jabatane, diganti dene “A.Hussein”.
Setaun sabasnjure, dianakake pilihan Petinggi kang wiwitan lan kepilih “Atmo Asmorejo“ kang njabat dadi Petinggi wiwit taun 1973 nganti 1990.  (Atmo Asmorejo kuwi ugo salah siji putune Trunowongso). Saploke Atmo Asmorejo entek wektu jabatane banjur dianake pilihan petinggi maneh lan klakon kepilih yo kuwi “Riyadi”  kang njabat dadi petinggi taun 1990 nganti taun 1998. Sabanjure kuwi diganti dene “Rianto Darmoyo” (1999-2007). Entek waktu njabate Riyanto Darmoyo, banjur dijabat sauntoro dening Kawituwo Wadri suwene mung sesasi, lan di jabat Carik Topo Suwene gur rong sasi. Sabanjure kuwi dianake pilihan maneh lan klakon kepilih dadi petinggi yo kuwi “Darmadji” kang njabat soko taun 2007 nganti 2013. Krono wektu njabate mung dibatesi 6 (nem) taun, mulo ing taun 2013 dianake pilihan petinggi maneh kanggo waktu njabat 2013-2019. Lan Darmadji klakon kepilih maneh. Hananging ono ing taun 2016, durung nganti entek wektu jabatane wis diendek sauntoro krono kesandung perkoro, sabanjure kanggo ngisi kothonge jabatan diisi dene penjabat sauntoro soko kecamatan nganti tumekane saiki.
Makaten sejarah Deso Ternyang, bilih wonten kirang utawi langkungipun carios nyuwun agunging pangapunten, Nuwun.
Denmbahbei, 1 Desember 2016Bottom of Form
Punden Deso Ternyang


Tidak ada komentar:

Posting Komentar