Nganti
tumekane saiki isih durung ono Pawiyatan Pasinaon kang resmi (Sekolah
Formal) kang mligi menehi pengajaran tumrap maneko
warno kaweruh kang kudu diayahi dening Prabot Deso, mulo ora nggumun yen ing
sawijine deso kang nembe wae ngangkat Prabot Deso, Prabot Deso kang nembe wae
ke dapuk nganti sawatoro sasi isih lingak-linguk anggone tumandang gawe krono
isih grayah-grayah durung pati mangerteni opo kang kudu dicandak. Kanggone kang
ora isin-isin takon waton gratul-gratul iyo isih luthung iso marekno pagaweyan
kang dadi tugase, ananging kadangkolo sing ditakoni yo podo ora ngertine, lha
iki sing ndadekno repot, iso-iso pagaweyan ora biso dimarekne pas wektune.
Laku
gawene prabot deso anyar kuwi kadang yho nganyelake, yho ndemenake, nanging kadang yho ngguyokne. Megelne yen tumandang
gawene nguler kambang (kendo), yen ora mangerti ora gelem takon, penggawean ora
enggal-enggal ditangani, akeh omonge (yen coro malangan kakehan cocot) yen ditakokne mung semoya-semoyo wae, pungkasane
njur dilimpahne menyang kancane, ning yen ono dum-duman duwit kaci ono ngarep
dewe. Kosok-baline prabot deso kang nyenengake kuwi yen samubarang gawe rikat
tandange, tur biso ngentasi gawe, ora kebak omong, yen dijaluki tulung enthengan,
ora kemalan duwit. Lha Prabot Deso kang ora lucu nanging ngguyokne iku yen olehe
tumandang gawe kebat nanging kliwat, samubarang gawe kang ditumindakake sarwo
nusu-nusu tanpo dipikir kang nastiti. Ono samubarang opo wae cepet tanggap teko
nggone, nanging ora tumindak ngopo-opo, mung thilaak-thileek ora ngerti opo kang
kudu ditindakake. Mulo banjur ono paribasan “lakune kebat kliwat koyo Kebayan
anyar”, iki lereh-lerehe crito koyo mangkene :
Kebayan
jaman biyen kuwi pegaweane mung prentah, tegese mung mrentahi penduduk umpamane,
prentah kerja bakti, prentah rapat lan liyo-liyane. Ono ing sawijine dino pak Bayan
entuk dawuh soko Petinggine supoyo mrentahi wargane rapat penduduk, lha pak Bayan
iki njabat dadi Bayan isih rong sasi, tandang gawene rikat tur yho sregep. Kolo
semono durung pojo-pojo ono HP, bekakas kanggo komunikasi nganggo pethongan. Contone : yen pak lurah mbutuhake
tekane carik, pethongan cukup ditabuh sepisan “Thong”, yen butuh Kamituwo: “Thong,thong”,
yen Kepetengan : “Thong,thong,thong”, lha yen butuh Kebayan ditabuh ping papat.
Krono pak Lurah lagi mbutuhake tekane pak Bayan, pak lurah tindak menyang
panggenan pethongan kang gumandul ono ngarep omah, thuthuk dicandak banjur
ditabuhne menyang pethongan : “thong,thong,thong,thong”. Suworone penthongan
banter banget, amargo thuthuke penthongane pak Lurah gede bendole. Ora let suwe,
magito-gito pak bayan wis teko. Pas teko
ngadep pak petinggi pak bayan langsung takon , Wonten dawuh pak Lurah ? Karo
rogoh-rogoh kesak P.Lurah mangsuli, Riko
pentahno penduduk kanggo ra..., durung tutug oleh omong P.Bayan wis nyelani
atur, “ngih pak Inggi kulo langsung bidal prentah” (omonge teges banget) pak Bayan
brandangan rikat banget langsung budal. Pak lurahe ngaturi maneh :“ Lho kusik
to pak bayan”, karo ngrogoh kesake. Durung tutug olehe wangsulan pak Bayan wis
nyelani atur maneh : sampun to pak mboten sisah repot kulo sampun mangertos kok,
kolo wau kulo sampung pinangge pak carik. P.Lurahe balik nyelani atur maneh, nanging
durung pojo-pojo matur pak bayan wis budal. Sak njerone ati pak lurah rumongso
seneng duweni prabot desa koyo pak bayan iki kang cepet tanggap marang
pagaweane, lan ngalembono yen pak bayan ini senajan isih anyar nanging cekatan
ing babagan pagaweane. Kiro-kiro watoro rong jam suwene, pak bayan teko maneh
karo matur p. Lurah : anggen kulo prentah sampun beres pak lurah. Pak lurahe
nimpali : Yen ngono kursi sing kanggo rapat mengko tatanen mesisan. Pak Bayan
njawab : lho rapat nopo pak ? P.Lurah : yho rapate wong sing riko prentahi mau to pak bayan.., P.bayan : lho kulo prentah wau
kangge kerja bakti susuk wangan pak. Pak lurah : “lha...., yho wis ora opo-opo,
yen ngono sampean balik prentah penduduk kanggo rapat”, mari ngrogoh kasake p. Lurah
ngelungne salembar kertas, iki daftare sing diundang. Pak Bayan mlongo karo
nyekel catetane jeneng sing bakale diundang. Pak lurah : lha kowe crito yen
kepethuk pak carik mau nyangopo to pak bayan ? kulo pikantuk pesenan bilih pak kuwowo
mbetahaken tenogo kangge kerja bakti susuk wangan. Pak lurah : mangkanee pak
bayan, mene-mene maneh yen arep mangkat ngelaksanaake prentah kuwi ditegesne
kang cetho welo-welo, yen wis cetho lagek ndang mangkat. Sajroning batine Pak bayan
: oalaah..., tak kiro pak lurah rogoh-rogoh kesak mau arep nyangoni, jebul arep
ndudut kertas catetan undangan iki to, tuwas ae aku sungkan, mulo aku enggal-enggal
mangkat pamit.
Denmbahbei, Desember 2016
Tidak ada komentar:
Posting Komentar