[SULUK]:
warnanatama ngambar
arum lir kuusuumaaaa.......ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......
[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.
Tinon saking
mandrawa pranyata punika satunggaling desa ingkang mujudaken pacrabakan ingkang
panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Ha nenggih desa
Karangkates, kecamatan Sumberpucung, kabupaten Malang, adiningtyas.
Panjang,
dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh,
tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa
tinuku.
Wusnya
mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa
sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah
ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus
datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.
Mila
mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur
ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung
hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing
wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing
maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi
mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung.
Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning
panyandra.
Hanenggih
punika desa, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling desa ingkang
rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah
adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih
sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani desa hamangkugati,
hanenggih panjenenganipun Bopo H.Tri Wahyudi ingkang dados tetunggul desa nembe
mangayubagyo kaping 15 warsa, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha pahargyan
desa.
Punika ari
kang katiti mangsa surya 14 Pebruari 2017 minangka dinten kabingahan tuwin
kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan,
mitra lan kanca, sedoyo wargo desa kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan,
pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.
Mila
mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados
satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane,
saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak
samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta
papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung
setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan
punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang
alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku
durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah
samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.
Pinunggel
semanten rumpaka panyandraning kawontenan desa karangkates, awit yen ta
cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah
warna kurang candra.
UDAR GELUNG SEJARAH DESO KARANGKATES
Karangkates
kuwi mujud ake salah sawijingning desa kang dumunung ing wewengkon Kecamatan
Sumberpucung, Kabupaten Malang. Desa kang manggon ana tapel wates antarane Kabupaten
Malang lan Kabupaten Blitar iki asale pecahan saka Desa Sumberpucung. Dene
lereh-lerehe Deso Sumberpucung dipecah kuwi koyo mangkene caritane. Duk rikolo semono
deso Sumberpucung awujud kelebu deso paling gede ora koyo umume deso-deso
liyane. Wewengkone ombo, cacahe wargane iyo akeh, krono soko ambane wewengkon
ugo akehe cacah jiwa wargane mulo anggone menehi layanan samu barang gawe
lakune rendet amargo saking akehe kang kudu dilayani. Kahanan kang koyo
mangkono mau nuwuhake pamikiran poro wargo deso kepriye amrih bisane samubarang
pelayanan kang dibutuhake rakyat biso cepet kaleksanan, ugo pembangunan deso
biso rikat playune. Soko asile rembug wargo desa, ing pungkasan biso ditemokake
dalan metune yo kuwi Deso Sumberpucung dipecah dadi loro.
Rikolo taun
1994 miwiti dianake pemecahan deso. Deso Sumberpucung klakon disigar dadi 2 (loro). Miturut angger-angger, mecah deso
kuwi kudu ngliwati jangkah dadi deso kang dicepakake, banjur yen dibiji wus
mumpuni, biso ditingkatake dadi Deso wutuh.
Kacarito sajrone sepuluh tahun Karangkates dadi Deso kang dicepakake. Dene kang
nate dadi Petinggi Deso Karangates kang dicepkake yo kuwi : . Wasito (Taun
1994-1995), P. Tukidi (Taun 1995-2000), P. Tukimun (tahun 2000-2002).
Maggon ing
tahun 2002 Deso Karangkates ditetepake dadi Deso wutuh waluh (devinitif), mulo dianake pilihan
Petinggi kang kawitan lan kepilih P. Tukimun. Njabat taun 2003-2013. Sabanjure
P.Tukimun purna tugas, dianakake pilihan petinggi kang kapindo, lan kepilih P.
H.Tri Wahyudi, njabat taun 2013-2019).
Sawise
Karangkates dadi deso wutuh waluh, petinggi kang nate njabat yo kuwi:
1. P. Tukimun (Pjs. Taun 2002-2003)
2.
P. Suparno
(Plt. Rong sasi taun 2003)
3.
P.Tukimun
(2003-2013)
4. P. H.Tri Wahyudi (taun 2013-2019)
Babat
alas Sidabawana (Desa Karangkates ing jaman kuno)
Adoh
sadurunge anane desa, ing wewengkon Kecamatan Sumberpucung isih awujud alas
gledegan rungkut ngrembuyung gung lewang-lewung kang wingit dadi panggonane
dedemit, alas gawat kaliwat-liwat ora ono kemliwere jalmo manungso, keno
diparibasakake jalmo moro jalmo sedo. Sak njerone alas kebak sato kewan alas
arupa : Celeng, Kidang, Menjangan,
Kaswari, Macan, Truwelu, Warak, Banteng, Kebo alasan, Sapi alasan, Asu ajak,
Nyambik, Kucing alas, Kethek, sawernane bongso iber-iberan lan sapanunggalane. Alas kuwi kang aran Sidabawana. Kejobo soko kuwi
satengahe Kali Aksa ugo ono sawijing kedung kang dadi papan ngombene Banteng,
mulo dijenengake “Kedung Bantheng”. Manggon ing satengahe Kedung mau ono Watu
Tumpuk kang sanajan katrajang banjir gede ora nate owah gingsir soko
panggonane.
Kahanan alas
kang koyo mangkono mau ndadekake manungso anggene sobo lan lelungan podo liwat
ing sapinggire kali. Mulo rikolo semono sapinggire kali Akso (Brantas) lan Kali
Lawor (Lahor) dadi dalane wong lelungan, lan akeh omah kang manggon ono sakiwo
tengene kali. Mulo ora nggumun yen nganti tumekane saiki isih akeh ditemokake
Lumpang Watu ing pinggire kali Lawor lan kali Akso.
Ing
wewengkon supit urang antarane kali Akso lan Kali Lawor ditemokake Reco
Ganesha. Miturut panaliten para ahli, reco Ganesha kuwi asale saka Projo
Singhasari jaman rajane Kertanegara (1272-1292 M). Anane reco kuwi nuwuhake kampung
anyar. Mulo ing sakiwo-tengene Reca Ganesha iso kasebut wiwit anane kampung ing
alas Sidabawana sisih kulon.
nDawung
( Ki Wonoudho).
Anane reco
Ganesha kuwi mestinya yho ono pawongan kang legolilo ngrumati lan ngawat awati.
Ono sawijine pawongan kang aran Wonoudho kang kanthi tekun njengkut ngrumati
lan ngawat-awati Reco Ganesa. Dene ki Wonodho anggene ngrumati oleh titah turun temurun soko mbah-mbahe kang
ora diweruhi maneh jeneng-jenenge amargo yen diurut wiwit anane Reco Ganesa
tumekane saiki kurang luwih wis ngancik 17 turunan, dene ki Wonoudho iku klebu
turunan kaping 11 (sewelas). Mbah Wonoudho di makam ake ono ing ngisor wit
Kedawung. Mulo sakiwo tengene makam mbah Wonoudho kasebut nDawung.
Wewengkon
tetanen Lembupeteng.
Ono ing taun
1334 ono sawijine pawongan kang aran Lembu Peteng, krono soko andil anggene melu
belo pati marang praja Majapahit brasto Praja andapan Sadeng kang mbalelo,
Lembupeteng oleh kanugrahan arupa pangkat Tumenggung. Lembu peteng kuwi putrane Arya
Wiraraja soko Sungenep Maduro. Jeneng asline “Peteng”, soko kaprawirane anggon
dadi perjurit Majapahit mulo oleh gelar tambahan jeneng “Lembu”, mulo jenenge
dadi “Lembupeteng” dene mitra juange kang aran “Mada” antuk gelar “Gajah” mulo
jenenge dadi “Gajahmada”, ugo pamane kan aran “Baya” oleh gelar “Jaran” mulo
jenenge dadi “ Jaran Baya” ono maneh mitrane kang aran “Nunge” antuk gelar
“Gagak”, mulo jenenge dadi “Gagak Nunge”.
Krono Arya Wiraraja kuwi ugo pejabat Majapahit duweni wewengkon ing
brang wetan (Malang,Lumajang,Pasuruan), mulo lembupeteng ugo kasebut pangeran
soko Majapahit jejuluk Pangeran Lembu Peteng.
Dene
ciri-ciri omahe pejabat Majapahit jumbuh karo kahanan kang ono wewengkon
Lembupeteng Desa Karangkates. Mulo wewengkon kuwi ora ono liyo kejobo
petilasane Tumenggung Lembupeteng.
Ing sapinggire kali Biru oleh sa lore wewengkon Lembupeteng iyo akeh ditemokne Lumpang Watu, kahanan iki mratelak ake yen ing kene iyo petilasane kampung lembu peteng.
Ing sapinggire kali Biru oleh sa lore wewengkon Lembupeteng iyo akeh ditemokne Lumpang Watu, kahanan iki mratelak ake yen ing kene iyo petilasane kampung lembu peteng.
Kampung
Lolaras
Saliyane
kampung Lembupeteng ing sisih kidul kulon cedak Katemenggungan Lembupeteng ugo
ono kampung kang klebu kawitan rame, yo kuwi “Lolaras” arane. Dene jeneng
Lolaras kapundut soko anane wit elo kang nglaras godonge ing alas kono. Dadi
duk jaman kuno makuno biyen ing wewengkon Karangkates ana telung kampung, yo
kuwi : kampung pinggir Kali Lawor sakiwo tengene Reco Ganesha, ugo kampung
sapinggire Kali Biru Katemenggungan Lembupeteng, lan Kampung Lolaras.
Tumenggung
Surontani
Manggon ing
taun 1613 M Sultan Agung dadi Rojo ing Mataram. Projo Mataram nitahake
Tumenggung Surontani merangi Panji Pulangjiwo kang nguasani Brang Wetan. Kurang
luwih rong taun suwene Tumenggung Surontani biso nyekel kendaline kaprabon sakupenge Malang
kalebu wewengkon Sumberpucung. Tumenggung surontani kuwi asale soko Ngrowo
utowo Tulungagung, mulo iyo akeh pawongan soko Tulungagung ngetutake lakune
Tumenggung Surontani manggon ing Sumberpucung. Mapan ing taun 1614 M kadadeyan
perang antarane Tumenggung Surotani mungsuh R. Panji Pulangjiwo. Sajrone perang
mau Tumenggung Surontani klakon diperjoyo dening R. Panji Pulangjiwo. Soko
sedane Tumenggung Surontani, sabanjure senopati perang diganti dening
Tumenggung Alap-alap Adipati Caruban.
Kampung
santren
Tumenggung
Alap-alap kagungan garwo kang aran Nyai Santri. Sajrone peperangan Nyai Santri
ugo nderekake garwane. Dene nyai Santri manggone rodo adoh ono sakidule kampung
Purworejo. Nganti seprene kampung kuwi kasebut “Santren”. Pungkasane perang antarane
Mataram kang dipandegani Tumenggung Alap alap, mungsuh Brang Wetan kang
dipandegani R.Panji Pulangjiwo biso dimenangake Mataram, R.Panji Pulangjiwo
keno diperjoyo. Sabanjure kuwi setitik mboko setitik miwiti tumekane pawongan
soko Tulungagung ing alas sidobawono mbabat alas ngedekake kampung anyar.
Kampung
Singkek’an / Sumberayu
Rikolo taun
1888 M pemerintah Walondo mbangun dalan sepur jurusan Malang Blitar. Sajroning
mbangun akeh pawongan monco kang podo neko ing papan kono saperlu melu dadi
pegawe bangunan. Kalebu ugo akeh bangso cino kang podo melu makaryo bangunan kuwi. Waktu olehe mbangun rel Sepor tekan antarane tasiun Pucung lan Tasiun
Karangkates. Pegawe Cino kuwi nginepe manggon ono kampung Sumberayu. Mulo ing
papan panggonan nginepe cino kuwi kasebut kampung Pecinan ugo ono kang nyebut
kampung Singkek’an.
Sak cedake
kampung singkek’an ono kang adeg germo, dene papan aduse anak-anakane germo mau
manggon ing Sumber kang cedak karo germo kuwi, mulo sumber kuwi kasebut
“Sumberayu”.
Ananging
miturut cerita liyane kang biso dipercoyo, adoh sadurung ana kampung
Singkek’an, Sumber kuwi wis kasebut Sumberayu, dene critane koyo mangkene :
“Lembupeteng kuwi kagungan garwo kang aran “Roro Kembangsore” kang ayu
rupane. Dene Roro Kembangsore kuwi putro putrine Adipati Betak soko
Tulungagung. Sumber kang dadi papan padusane Roro Kembangsore sabanjure mung
mligi dadi papan padusane poro wanito, mulo sumber kuwi kasebut Sumberayu.”.
Kampung
Karangkates, Bandung lan Purworejo
Rikolo abad
18 yo kuwi pecahe perang Diponegoro lan sak bubare perang, akeh wargo soko Mataram
utamane para wargo soko Tulungagung kang sumingkir soko desane koyo dene bedol
deso, krono desane wis ora nyaman, asring Banjir lan paceklik ugo tansah diuber-uber
dening bongso Walondo arep di kunjoro krono akeh kang dadi perjurite Diponegoro.
Paran sumingkire poro wargo Mataram lan Tulungagung menyang arah Brang Wetan,
yo kuwi sisih kidul lan wetane Gunung Kawi, utamane Sumberpucung, Kromengan,
Ngajum, Wonosari, Kepanjen, Gondanglegi , Donomulyo lan liyo liyane. Sabanjure,
ono ing taun 1901 Pemerintah Walondo mbangun Kali Molek. Anane kali Molek iki nuwuhake makmure
poro among Tani, mulo iyo soyo akeh wargo poncokan kang podo teko menyang
saindenge Karangkates. Wondene wargo Tulungagung kang manggon ing tlatah
Karangkates yo kuwi soko Deso Karangrejo, Deso Kates, Deso Bandung lan Deso Purworejo. Wong
soko Deso Karangrejo lan Deso Kates manggon ing sak kulone Lolaras, saiki dadi
dusun Karangkates. Dene wong soko Deso Bandung manggon ing sak wetane Lolaras,
saiki dadi Dusun Bandung. Krono wong soko Bandung akeh kang prigel dagang, mulo
dadi Pasar mBandung kang dipandegani dene mbah Rono lan mbah Siti Rukayah. Wondene wong soko Deso Purworejo manggon ing sisih kidul sadempete Katemenggungan Lembupeteng kasebut Kampung Purworejo .
Karangkates
dadi kampung kang rejo lan wisuwur.
Rikolo tahun
1967 pemerintah Indonesia bebarengan karo Pemerintah Jepang mbangun Bendungan
gede saperlu kanggo nyukupi kebutuhan Listrik ing Jowo lan Bali. Karangkates kang maune
sawijine dusun kepencil, sepi lan ora kasuwur, sajeg anane bendungan gede kuwi
malih dadi rame, akeh para tenogo kerjo soko monco kang podo teko ampil gawe
mbangun bendungan. Lha bendungan kuwi misuwur nganggo jeneng Bendungan
Karangkates, mulo soko kuwi liwat anane Bendungan iki jeneng Karngkates dadi
moncer, misuwur saindenge negoro malah kasuwur nganti sak njabane negoro.
Sabanjure kuwi saiki Karangkates dadi papan pariwisata kang kasuwur endah ing
warno.
Kadadeyan
aneh sajrone mbangun Bendungan Karangkates.
Naliko
miwiti mbangun Bendungan Karangkates ono kadadeyan nganeh anehi, yo kuwi anane Banjir
Bandang kang nggowo atusan ewu kayu/witwitan alas kang kintir ing kali Brantas,
lan anane Watu Tumpuk ing satengahe Kali Brantas kang diarani Kedung Banteng.
Naliko
bangunan kang wiwitan arupo terowongan nembe rampung, Kali Brantas katrajang
banjir bandang kang gedene ora mupakat koyo biasane. Sajrone banjir bandang
kuwi atusan ewu witwitan alas podo kintir. Kintire kayu-kayu mau podo mandeg
ing sangarepe terowongan kang dicepakake kanggo nutup iline kali Bantas kang
wiwitan. Kayu kang atusan ewon cacahe podo mblasah ngambang ono sangarepe
trowongan. Anane kayu-kayu kang semono akehe ndadekne rendete pageweyan mbangun
bendungan, mulo kayu-kayu mau kudu disingkirake. Poro pegawe kang maune
nyengkut ngayahi pegaweyan bendungan dialihake menyang pagaweyan ngresiki kayu
kang ngambang ono sangarepe terowongan. Saking akehe kayu, poro tenogo ahli
soko Jepang mratelakake yen pegaweyan ngresiki kayu kuwi mbutuhake wektu
wulan-ulanan. Sawatoro dino sawise banjir bandang ono banjir susulan. Eloke
kahanan, sabunjure banjir susulan, kayu
kayu kang ngambang ono ngarepe terowongan kuwi sirno, koyo disapu resik ora
diweruhi nandi parane. akeh pegawe proyek kang podo nggumun. Sirnane kayu-kayu
mau ndadeake pegaweyan proyek balik adi lancar maneh.
Wektu lawang
terowongan kawitan ditutup, kali brantas kang ono sangisore terowongan dadi
asat, mulo anane Watu Tumpuk kang ono satengahe Kedung Banteng arep
disingkirake amargo ngalang alangi anane rencane bendungan. Ananging ono
keanehan, bekakas abot (buldozer)
kang ditinanggenahi nyisihake watu tumpuk kuwi ora kuwat mindah. Bola bali
diupokoro iyo tetep ora obah ora onteg, mulo banjur diupayakake dijur nganggo
bom, ning anehe bom kasebut ugo ora tumomo amargo ora biso bledos. Mulo poro
pegawe proyek podo ora ono kang wani nindakake pagaweyan kuwi. Pungkasane
crito, poro ahli Jepang njupuk laku panggenan Bendungan kang utomo digeser rodok
nyisih sawetane Watu Tumpuk, dene kahanane Watu Tumpuk tetap ora geseh soko
panggonan asale, malah didadekne monumen Mustikane Bendungan Karangkates.
Bareng
bendungan wis klakon dadi yo kuwi awujud watu kang ditumpuk-tumpuk kanti rapi,
wong wong podo wungu yen sejatine Watu Tumpuk kuwi mujudake perlambang yen ing
panggonan iki bakal dadi Bendungan kang ora mupakat gedene awujud watu kang
ditumpuk-tumpuk. Yen ono kang takon gek sopo to kang noto watu tumpuk kuwi ?
jawabe yo mung Gusti kang murbo ing dumadi kang meruhi. Dene yen dinalar soko
cerito sejarah, kiro-kiro koyo mangkene critane,
Wondene
yen Watu tumpuk kuwi mujudake sawijine ramalane wong sekti, katitik soko anane
rojo-rojo Jowo kang misuwur ing babagan ramalan ora liyo maneh yo kuwi Prabu
Joyoboyo kang dadi rojo Kadiri ing taun 1135-1157 M. Ramalan-ramalan kang
misuwur tumekane saiki antoro liyo :
1.
Tanah Jowo bakal sabukan wesi. Wujud kang
klakon yo kuwi, anane rel sepur ing saindenge tanah Jowo.
2.
Tanah Jowo bakal dibroki Jago Kate suwene sak
umure Jagung. Wujud kang klakon jaman penjajahan Jepang.
3.
Lan sapanunggalane
Mulo
soko kuwi menowo wae anane watu tumpuk kadedayan ing jamane Prabu Joyoboyo,
utamane sawise biso ngalahake Projo Jenggolo.
Makaten Udar
Gelung crito Sejarah Deso Karangkates ingkang saged kulo aturaken, bilih wonten
galap gangsuling atur ugi anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing
pangaksama.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar